Sunday, October 26, 2008

Lha... Terus Iki Gawe Opo?

. Sunday, October 26, 2008
0 comments

Jan wis judeg banget aku, mosok wis 3 ulan iki aku gak tau nyekel duwit blas.... onok duwek sitik entek tak enggo tuku rokok, jan jane mangan ora mangan waton ngudud yo rodok kere suwi-suwi. Durung maneh utangku.... wuih sak buajeg, mboh mbayare yok opo dan alhamdulillah sampek saiki aku durung putus asa golek duwit sing lumrah lan ora neko-neko.
Lha yo iku... kuatire nek wis menthok gak iso mbayar trus dioprek oprek sing duwi duit yo mboh maneh.... sempat kepikiran sing gak-gak... yo nyolong lah... ngerampok lah... sing ngeri meneh aku sempat mikir golek pesugihan! Wuih... nek iso sugih mblegedu yo mboh ndunyoku.
Lha yok opo gak aneh, goleke pesugihan tapi sisa hasil makaryo karo demit kuwi meh tak nadari nggo ngeki wong liyo koyok yatim piatu, wong gak mampu malah ape tak enggo nyumbang masjid barang... opo gak gendeng iku?
Pun... sak wetoro niku mawon pangucap sing iso tak combros no karo gedabrus no saiki. Engko tak sambung maneh karo gedabrus lan umuk sing liyo. Matur sembah nuwun kulo tak minggat rumiyen.

Kliken Nek Ape Moco Terusane »»
 
© 2008 by Combros Gedabrus